Jumat, 30 Juli 2010

Guriit

Wanita
Jarene wani ditata
Nanging saiki sing ana
Wanita
Wani nata
Ora manut apa jare priya
Ora gelem manut adate Jawa
Malah bungah yen bisa katut indahing jaman
Jaman sing rusak
Sing kudune ora dadi patuladhan
Sing kudune ditinggal















Ya wis
Sepurane yen aku tanpa wanita
Sawetara tanpa tresna
Tinimbang aku katut padhange donya
Sing bisa gawe aku lara
Ya....
Pancen penak
Pancen nyenengake
Nanging sepurane
Aku ora melu kowe
Luwih becik aku turu wae
Tinimbang dosaku tambah gedhe

TETEPA LUMAKU
SENAJAN TANPA AKU
MERGA SAWETARA URIPKU
LUMAKU TANPA TRESNAMU...........

Tidak ada komentar:

Posting Komentar