Jumat, 23 Juli 2010

SMP 2 Madiun .

Bagaskara
dening : Satria B.U.

Cahyamu, tansah menehi lan mancarake kauripan
Tumrap jagad
Kang ditugel khatulistiwa
Uripmu mung kanggo pangabdi
Marang rodha kang munyer lan mlaku
ing donya iki


Srengenge
dening : Riska

Bagaskara kang lumaku saka sisih wetan
Gedhe paring jejibahan
Kang nduweni teges tumrap donya
Donya kang peteng dhedhet bisa dadi padhang
Srengenge...
Apa aku bisa urip tanpa sliramu?
Urip wis kadhung gumantung sliramu
Srengenge...
Matur nuwun ana sliramu
Mugia aku tansah eling sliramu
Supaya tansah ngalembana madhangi donya iki


Bagaskara
dening : Agustin Mastriana

Wanci esuk, bagaskara mertapa ing peradaban
Nyoroti marang bumi puspita
Kang digawe tumrap janma manungsa
Cahyane kang sumebar gagah prakosa
panase kang kaya geni ngumbara
Anane sliramu banget paring guna
Dumunungmu ana ing langit jingga
Anggonmu marang para raja
Sing nduweni marang sayuta guna
Sing ora bakal suda nganti pungkasaning dina
Bagaskara...
Kang agung ciptaning Gusti Kang Maha Kuwasa



Bocah-bocah, sawetara sing kapacak iki dhisik. Matur nuwun wis padha pinter kabeh gawe geguritan. Piwulangan dina iki bapak anggep kasil lan mugia migunani tumrap kabeh. Aamiin.inilah pengalaman mengajar pertamaku di SMP 2 Madiun.
Memang tak banyak yang dapat aku lakukan, namun aku sudah cukup bangga bisa membuat para siswa kelas 2 yang rumayan rame dan slengekan ini mau untuk menuruti perintahku. yach... walaupun penuh dengan bengak--bengok teriakan untuk menenangkan mereka.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar