Rabu, 28 Juli 2010

SMP 2 Madiun.


Titipan saka kelas IX D SMP 2 Madiun
Srengenge
Dening : Puput Rahayu
Sliramu madhangi jagad iki
Jagad kang kebak kaendahan
Kaendahan ingkang sejati
Srengenge…
Sliramu menehi kauripan
Marang donya kang sugih iki
Sugih manungsa kang ora berbudi
Duh Gusti…
Matur nuwun kagem cipta-Mu
Kang banget migunani tumrap donya iki

Bagaskara
Dening : Della Prabaningsiwi

Ing wayah esuk
Aku nyawang srengenge sisih wetan
Sing lagi jumedhul
Apik banget kahanane

Srengenge kang jumedhul
Nyinari jagad kang peteng
kabeh kahanan dadi padhang

Para manungsa
Awit nindakake pakaryane
Para tani, uga padha budhal menyang sawah
Semana uga para murid
kang padha budhal tumuju sekolah

Srengenge...
Sliramu sing nyinari donya iki
Kala wingi, saiki, lan nganti sateruse dina

Lintang
dening : Joshua Radhian

Lintang...
Kelap-kelip ing langit
cacahmu akeh banget
sumebar ing jagad raya
sumunarmu padhang banget
saben wengi agawe endahing donya

Lintang...
wujudmu apik banget
Sinarmu bakal nyinari
Selawase urip
Yaiku sing arane lintang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar