Kamis, 22 Juli 2010

SMP 2 Madiun

Ngawiti laku
Tumuju papan sing sak mestine ora dadi lelabuhanku
Anane saiki uripku
Mung ngupaya gawe senenge wong tuwaku
Aku meksa tetep lumaku
Senajan ta iki pancen dudu dalanku
Abot entheng tetep uripku
Mula iki kabeh kudu lumaku
Umurku
Ngudokake aku nerusake laku
Supaya bisa nemu
Papan endah kang linuwih ing sabanjure uripku
Duh Rama, duh Ibu
Apa putramu pancen pantes dadi Guru
Apa putramu wis bener anggone ngaelmu
Dak trima-trimakne merga iki panjalukmu
Aku mlaku
Ora bisa mlayu
Ngempet esem guyu
Nyoba ngaelmu ana papan kang nyata panggonane Guru
Sekolah iki kang ngawiti lakuku
Nyoba njajal kadigdayanku
Sing jarene sekolah calon Guru

Tidak ada komentar:

Posting Komentar