Selasa, 03 Agustus 2010

Ya....


Ya wis
kudu dak trima

Kahanan urip iki

tetep dak tampa

Aku pancen ora bisa

Mula ora kepengin meksa

Ngelingi

Pangandume Gusti pancen beda-beda

Nora sambat

Tetep kuwat

Lumaku sajroning donya kang bejat

sing jarene para ustads

iki donyane arep kiamat

Ah....

Ora ngurus kiamat

sing penting sikilku isih kuwat

kanggo golek berkat

supaya bisa ngantepi tekad

tumuju urip kang luwih nikmat

1 komentar: