Selasa, 03 Agustus 2010

Dirgahayu Negaraku



65 taun
Lelakonmu ing jagad sasmita
65 taun
Anggonmu ngumbara
Wiwit Soekarno,
Soeharto,
Tumekaning Susilo Bambang Yudhoyono
Ya…
Pancen beda-beda anggone nata
Nanging sakabehe wis kasil nata
Sliramu wis kasil tumata
65 taun
Dudu wektu kang sedhela
Yuswamu wis nyedhaki tuwa
Nanging,
Tetepa minulya
Tetepa ngumbara
Dirgahayu negaraku
Dirgahayu Indonesiaku
Mugia pangabektiku
Uga bisa ngrewangi tumuju kamulyanmu
Mikul dhuwur mendhem jero
Memayu hayuning bawana
Jagad lelana Indonesiaku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar