Minggu, 08 Februari 2015

Agama Ageming Aji





dening : Dayinta Zahra Qonita
 
Udan riwis-riwis sajak adhem ing ati
Sajadah abang kang wus katon tuwa
Dadi papan pasujudan marang Gusti ingkang Kuwasa
Saben bengine
          Mbulan ora pengin mbalik menyang paturone
Lintang uga katon katon kelip-kelip, ora gelem ngalih saka panggonane
          Nanging ibu uwis  lenggah ing duwur sajadah
          Donga lan nyuwun ngapura marang Gusti ingkang murbeng dumadi
Waspa katon tumetes ing pipi
Dongakake  para putra lan para kadange
Aku, amung turu, gumlethak ing duwur papan paturonan,
Kemulan, kadhemen, aras-arasen tangi
          Saben wengi, ibu mesthi nangekake aku
          Nanging kepriye maneh, mata wis ora bisa melek
          Lambe uwis ongap-angop wae
          Kemul uga tansah ngawe-awe
Aku durung sadhar
Menawa pituture ibu iku bener
Agama kuwi ageming aji,
Ngadhemake ati, ngalusake budi,
Nentremake jiwa lan raga,
Sarta gawe endahing bawana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar