dening : Dayinta Zahra Qonita
Udan riwis-riwis sajak adhem ing ati
Sajadah abang kang wus katon tuwa
Dadi papan pasujudan marang Gusti
ingkang Kuwasa
Saben bengine
Mbulan
ora pengin mbalik menyang paturone
Lintang
uga katon katon kelip-kelip, ora gelem ngalih saka panggonane
Nanging
ibu uwis lenggah ing duwur sajadah
Donga
lan nyuwun ngapura marang Gusti ingkang murbeng dumadi
Waspa katon tumetes ing pipi
Dongakake para putra lan para kadange
Aku, amung turu, gumlethak ing duwur
papan paturonan,
Kemulan, kadhemen, aras-arasen tangi
Saben
wengi, ibu mesthi nangekake aku
Nanging
kepriye maneh, mata wis ora bisa melek
Lambe
uwis ongap-angop wae
Kemul
uga tansah ngawe-awe
Aku durung sadhar
Menawa pituture ibu iku bener
Agama kuwi ageming aji,
Ngadhemake ati, ngalusake budi,
Nentremake jiwa lan raga,
Sarta
gawe endahing bawana.