Kamis, 09 September 2010

Gurit Madiun-Surabaya

Ora krasa
Ora dak rumangsani
Sadawaning dalan iki
Wis ganep telung taun dak liwati
Wiwit semester siji
Nganti tekane dina iki
Wis akeh banget kahanan gilir gumanti
POM bensin iki
Masjid iki
Warung iki
Meneng-meneng wis dadi seksi
Lumakuning urip sing ora mesti
Amung sadherma nglampahi
Apa sing wis dadi pepestining Gusti
Donga lan puji
Amung siji
Bali mulih teka papan kene iki
Aku kudu bisa gawe bungahing ati
Wong tuwa kang tansah hamemuji
Supaya enggal tutug anggonku ngaelmu bumi
Kanggo sangu donya
Lan nganti tumekaning pati

Rabu, 01 September 2010

Ature eyang....

Urip sing wis nyedhaki tuwa
Mripatku nyawang wis ora cetha
Kuping uga
Wis suda rungu marang swara
Irungku wis ora bisa
Kanggo ngambu aruming ganda
Semana uga
Ilat sing wis ora bisa ngrasa
Lara…
Apa ambeganku wis ora dawa?
Apa aku wis arep ninggal donya?
Donya kang kebak bandha
Wanita
Apa wae ana

ban serep

Geni
Wis kadhung dadi mitraku
Panas
Wis mbalung sungsum ing ragaku
tak tlateni
Senajan ta kadhang kala malehi
Tetep tak lakoni
Senajan ta asil ora mbejanji
Ya wis
Kabeh iki paringane Gusti
Aku mono mung sadherma nglakoni
Bisaku ya mung iki
Mula iki sing bakal dak tlateni
Dak lakoni
Mbok menawa nganti tumekaning pati...........