Sabtu, 16 Mei 2009

Pangeling

Aku ora bisa mangerteni
Kena ngapa uripku iki
Saya suwe tambah ra mbejanji
Sing dak lakoni barang sing ora aji
Aku ora ngerti
Suk kapan bisane mari
Wis njajal ngaji
Ananging isih seneng ngrusak ati
Sholat dak lakoni
Ananging maksiat iya isih mesti
Aku ora ngerti
Kapan bisa mari
Milih mati
Ananging wedi
Amarga neraka wis mesti ngenteni
Kanggo pawongan sing kaya aku iki
Aku wedi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar