Minggu, 17 Mei 2009

Pangeling

Negara wis bubrah
Kahanan urip saya ora lumrah
Wong ngragas saya tambah
Wong goblog turah mblawah
Malah-malah
Nular marang para pamarentah
Sing sakabehe padha serakah
Gawe rakyat tambah susah
Mula saiki kabeh
Kahanan kudu bisa rubah
Sakdurunge donya katut goyah
Miliha calon pemimpin sing lumrah
Supaya Negara ora tambah bubrah

Sabtu, 16 Mei 2009

Pangeling

Aku ora bisa mangerteni
Kena ngapa uripku iki
Saya suwe tambah ra mbejanji
Sing dak lakoni barang sing ora aji
Aku ora ngerti
Suk kapan bisane mari
Wis njajal ngaji
Ananging isih seneng ngrusak ati
Sholat dak lakoni
Ananging maksiat iya isih mesti
Aku ora ngerti
Kapan bisa mari
Milih mati
Ananging wedi
Amarga neraka wis mesti ngenteni
Kanggo pawongan sing kaya aku iki
Aku wedi

Pangeling

Bumi wis owah
Alame urip wis padha bubrah
Cangkeme menungsa padha turah
Kakeyan perintah

Tangia!
Openana!

Nangdi-ndi gon isine amung spanduk
Aja rusak alam
Tandurana alas
Umuk thok
Ra ana buktine
E malah tambah remuk bumine