Rabu, 01 April 2009

Panglipur

Srengenge
Katon endah sumunar
Dadekake padhang jiwa
Semangating urip ing donya
Nanging kena ngapa
Atiku ngrasa peteng
Katutupan angkuhing widadari
Sing tansah nandhang kuciwa
Ing sajroning pamanahe
Duh wong ayu
Aku jaluk sepura
Aku rumangsa luput
Ananging iku kabeh
Ora liya gawe wujud gedhening pangrasa
Rasa tresna lan asih
Sing paling endah kanggo sliramu
Wong ayu sing dadi pepujaning atiku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar