Sabtu, 25 April 2009

Mboh...

Aku ora bisa mangerteni
Kepriye besukke
Dadine negaraku iki
Ana ngendi papan dununge wong pinter
Ana ing ngendi golek wong sregep
Ing kana kene
Isine ya muk kere
Saking akehe wong males
Sing ora duweni niat golek ilmu
Kanggo sangune bangun nagari
Aku wedi
Sapa sing bakal bisa nulungi
Nulungi aku ngadeg mbangun awak
Kanggo sanguku mbangun nagari
Tulungana aku

Rabu, 01 April 2009

Panglipur

Srengenge
Katon endah sumunar
Dadekake padhang jiwa
Semangating urip ing donya
Nanging kena ngapa
Atiku ngrasa peteng
Katutupan angkuhing widadari
Sing tansah nandhang kuciwa
Ing sajroning pamanahe
Duh wong ayu
Aku jaluk sepura
Aku rumangsa luput
Ananging iku kabeh
Ora liya gawe wujud gedhening pangrasa
Rasa tresna lan asih
Sing paling endah kanggo sliramu
Wong ayu sing dadi pepujaning atiku