Sabtu, 18 Juni 2011

kirirman dadakan

campuhing rasa tresna lanang lan wadon
ndadekke gonjang-ganjinge rasa pribadhi
nganti direwangi lali purwa daksina

pamrihe bisa nyawijikake cipta, rasa lan karsa kekarone
kaelokane nganti dina ini ora ana kasunyatane
nganti kapan tembang kebogiro nyuwara amung sajroning ati ?

apa tenan gawe endahe rasa?
nalika tangis kang kebak cuwa sing dadipungkasane carita
lila legawa kudu meksa trima
nalika rasa tan kena cinaket sajroning pangrasa
ah, ya wis ben mung dadi endahe pangrasa
bakune ukara
aku wis nate gela
aku wis nate cuwa
aku wis nate nelangsa
mung merga tresna

kena paribasakake
kadya ngupadi barang kang ora katon ana mripat ning ana rasane
kanthi wening lan larasing ati
dikanteni rasa sabar tanpa winates
ana kalane waspa uga melu tumetes
rung mesti kang trep karo gegayuhane
diwastani angel jalaran rung ketemu
diwastani gampang jalaran saka Garise Gusti
tak suwun slirane aja mupus ing pangudi
bujungen nganti bumi sap pitu paribasane...

kanti
ning gak ngerti nganti kapa kudu terus ngenteni
jarene kon pasrah marang Pepestining Gusti
nanging manungsa lumrah yen gak kanti
mula apa salah yen njajal ngawiti
sing jarene sesanti
witing tresna jalaran wani
wani nglakoni
wani kelangan
wani pira??


saiket rasa saka endahe pangrasa,, kawedhar tanpa sengaja nalika nyawang endahe tinuk ngarep SMK 4 Madiun sinambi gegojegan klawan mitra sisinanararawewedidi......