Minggu, 17 Juli 2011

Ndhuen's

Melayang.. menggapai impian meski hidup dalam dunia yang belum pasti....
Hanya ingin mencapai apa yang bisa tercapai... memaksa itu indah bila melakukanya dengan kebahagiaan....

Cym's

Melindungi sepercik cahayanya,, meski tau ia akan segera padam setelah butiran panas itu telah berhasil aku raih demi sebuah kepuasan yang bukan sesaat.....

Sabtu, 18 Juni 2011

kirirman dadakan

campuhing rasa tresna lanang lan wadon
ndadekke gonjang-ganjinge rasa pribadhi
nganti direwangi lali purwa daksina

pamrihe bisa nyawijikake cipta, rasa lan karsa kekarone
kaelokane nganti dina ini ora ana kasunyatane
nganti kapan tembang kebogiro nyuwara amung sajroning ati ?

apa tenan gawe endahe rasa?
nalika tangis kang kebak cuwa sing dadipungkasane carita
lila legawa kudu meksa trima
nalika rasa tan kena cinaket sajroning pangrasa
ah, ya wis ben mung dadi endahe pangrasa
bakune ukara
aku wis nate gela
aku wis nate cuwa
aku wis nate nelangsa
mung merga tresna

kena paribasakake
kadya ngupadi barang kang ora katon ana mripat ning ana rasane
kanthi wening lan larasing ati
dikanteni rasa sabar tanpa winates
ana kalane waspa uga melu tumetes
rung mesti kang trep karo gegayuhane
diwastani angel jalaran rung ketemu
diwastani gampang jalaran saka Garise Gusti
tak suwun slirane aja mupus ing pangudi
bujungen nganti bumi sap pitu paribasane...

kanti
ning gak ngerti nganti kapa kudu terus ngenteni
jarene kon pasrah marang Pepestining Gusti
nanging manungsa lumrah yen gak kanti
mula apa salah yen njajal ngawiti
sing jarene sesanti
witing tresna jalaran wani
wani nglakoni
wani kelangan
wani pira??


saiket rasa saka endahe pangrasa,, kawedhar tanpa sengaja nalika nyawang endahe tinuk ngarep SMK 4 Madiun sinambi gegojegan klawan mitra sisinanararawewedidi......

 

Minggu, 15 Mei 2011

Dhawuhe Eyang

Ya...
Kembang iku pancen durung mati
Nanging gandane wis ora wangi
Peteng dhedhet lakune wengi
Najan sumunare lintang tansah angebak-kebakki
Ngger...
Apa sliramu wis lali
Apa pamikirmu tenan wis mati
Tangi ngger... Tangi..
Aja malah mbok ece arume ganda iki
Najan ala-ala iku mono tanturane Eyang nalika isih mukti
Gelema ngleluri
Ngupadi mring Hyang Widhi
Aja lali
Aja nganti lali...

Kamis, 14 April 2011

Penak Tuku

Penak tuku,
Tinimbang terus ngenteni
Patang tahun ngel-angele anggonmu ngudi
Patang tahun bot-abote anggonmu ngungsi
Karep urip bisa luwih edi
Karep urip bisa luwih mulya tinimbang wingi-wingi
Penak tuku,
Tinimbang terus ngenteni
Nanging, arep dadi apa Negara iki?
Yen saben-saben kepinteran mung kanggo idhi
Kalah karo sing paitane gedhi
Kalah karo sing dulurane wis padha dadi
Ndhus, nganti kapan arep ngenteni
Wis gek ndang melua idhi
Jarene luwih penak tinimbang terus ngenteni
Kapinteranmu simpenen dhisik dina iki
Merga ilmu saiki wis tanpa pangaji
Merga pinter saiki dudu barang sing njanjeni
Penak tuku
Tinimbang terus ngenteni
Ora sah mikir dhisik
Mboh arep dadi apa bakale Negara iki