Minggu, 10 Oktober 2010

Gurit ZumeY


Mbok
Anakmu luwe
Dina iki dhuwit wis akeh kanggone
Arep utang kanca, wedi angel mbalikke
Merga saben dina ya tambah akeh butuhe
Mbok
Anakmu luwe
Nanging ya ora tega yen terus njaluk ditambahi sangune
Ngrumangsani kabutuhan nang omah luwih gedhe
Mbok
Anakmu luwe
Rewangana donga beasiswa melu ngawe
Wis waleh saben dina mung lawuh tempe
Kadhang kala ya pengin mangan nang KFC
Kadhang kala ya pengin shooping nang PTC
Nyawang kanca ngopi, gadhangan, gitaran nang wadhuk kae
Nanging aku mung trima ngempet luwe
Yen mung liwat malah dikira ngece
Mbok
Anakmu luwe. . . .