Senin, 16 Maret 2009

Tobat

Ora dak selaki maneh
Yen ta kabudayan jawa
Ora bisa pisah karo islam
Islam gawe kuate jawa
Semana uga jawa, bisa gawe jejege islam

Aku wong jawa
Aku wong islam
Aku pengin bisa ngadeg kuat
Mula aku
Kudu bisa dadi wong islam sing njawani

Nanging kena ngapa?
Kahanan manungsa saiki dadi bejat
Saben dina nglakoni maksiat
Lali karo agama lan adat

Aku wedi
Yen ngadegku ora bisa jejeg
Amarga nyawang rusake donya
Sing ora liya saka solah bawane manungsa
Amarga lali agama lan kabudayan jawa

Mula kuwi manungsa
Enggal tobata
Elinga marang islam lan jawa
Sing bisa gawe jejege negara
Padha ing nalika jaman dhek semana