Selasa, 11 November 2008

Kobeng

Aku kudu ngguyu
Nalika eling
Kekarepanku sowan omahmu
Sanajan ta amung merga kesusu
Jebul malah gawe bingung sliramu
Aku ngetan, kowe ngulon
Aku ngidul, kowe ngalor
Yen terus ngene
Kepriye bisane ketemu
Ya wis,
Aku wae sing ngalah
Ing protelon dalan iki
Aku banjur ngenteni
Tekane sliramu kang dak anti-anti
Sepira gedhene bungahing atiku
Bisa ketemu karo sliramu
Banjur sesarengan lunga omahmu
Karo ngempet esem lan guyu
Duh nimas estu

Rabu, 15 Oktober 2008

lila

Luwih becik aku mundur

Amarga bisa dak rumangsani

Kahanan uripmu,

Ora bakal bisa luwih apik

Yen ta sliramu tetep karo aku

Aku ngerti

Ora mung katresnan sing ka butuhake saiki

Ananging uga,

Banda rupa lan donya

Sing bisa dadekake sliramu minulya

Aku amung bisa pasrah

Aku kudu lila

Yen ta saiki

Slirane

Sing wis dadi pilihaning atimu

Kamis, 24 April 2008

Bharada ku....


Kanggomu Bharada



Aku ngerti

Yen saiki

Kowe pancen gawe aku rugi

Kesel awak, entek dhuwit, wektu ilang

Lan sakabehe iku ora bakal bali

Ananging,

Aku bisa ngrumangsani

Yen ta sakabehe lelabuhanku iki

Bakal gawe bungahing ati

Bisa gawe bombonging nagari

Amarga aku percaya

Mekaring budaya

Pratandha kuncaraning bangsa